Cerkak Bahasa Jawa Pendek
Cerkak Bahasa Jawa Pendek
Cerkak adalah singkatan dari “cerita cekak,” diambil dari bahasa Jawa yang artinya cerita pendek atau cerpen. Kita sering diminta untuk membuat Cerkak oleh guru bahasa Jawa di sekolah. Salah satu tujuannya adalah agar kita bisa lebih memahami dunia tulis-menulis dan bisa mengarang. Sehingga, kita pun akan mampu menulis setiap kalimat dan paragraf dengan baik.
Lebih dari itu, apabila terus diasah, kemampuan menulis bahkan bisa jadi salah satu profesi di masa yang akan datang. Beberapa orang bahkan menggeluti dunia tulis-menulis untuk menghasilkan uang baik, ketika masih sekolah maupun setelah lulus kuliah.
Menulis bisa dilakukan oleh siapa saja asal mau belajar. Karena sesuatu yang awalnya tidak kita kuasai, apabila terus-menerus diasah, lama-kelamaan kita pun akan menjadi ahli. Berikut beberapa tips menulis cerita terutama untuk pemula.
Tips Menulis Cerkak
- Mulailah dengan membaca. Semakin banyak cerita-cerita pendek yang kamu baca, maka akan semakin banyak hal yang akan kamu pahami.
- Mulailah dengan membuat judul terlebih dahulu agar cerita yang kamu tulis tidak melebar ke mana-mana.
- Setelah membuat judul, kamu bisa membuat kerangka cerita.
- Agar kamu lebih bersemangat dan banyak ide, menulislah setelah mandi.
- Untuk mendukung agar ceritamu lebih menarik dan masuk akal, jangan lupa untuk melakukan riset.
- Mulailah menulis. Tulisan pertama mungkin belum akan menghasilkan sesuatu seperti yang kamu inginkan. Jangan khawatir, karena setiap paragraf dan kalimat bisa kamu edit kapanpun kamu mau. Jadi mulailah menulis…
- Setiap ide yang datang, sebisa mungkin langsung ditulis di bagian bawah dengan membuat paragraf sendiri agar tidak terlupakan.
- Pada tahap awal, jangan khawatir apabila tulisanmu kamu anggap tidak terlalu bagus. Karena setiap penulis profesional juga pasti pernah mengalami yang namanya belajar pada awal karir mereka.
- Biasakan diri untuk menuntaskan tulisan, dan jangan pernah menulis setengah-setengah.
Contoh Cerkak Bahasa Jawa Pendek
Berikut adalah contoh cerita cekak (Cerkak) bahasa Jawa dengan tema pendidikan berjudul:
Kelinci lan Pithik Walik
Mbak Inge, juragan pentol nduwe Pithik Walek seng seneng ngomong lucu-lucu karo konco-koncone. Menowo Pitik Walik saben ketemu pitik-pitik liyane mesti gawe cerito-cerito ndagel nganthek konco-konconene iku mau podo ngguyu kemekel.
Kadang-kadang dheweke ngarang cerito pengalamane seng aneh-aneh, seng durung tau dialami karo pithik liyane. Misale, lelungan numpak manuk wulung bar iku terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan seng tukul neng nduwur mega.
Kadang-kadang, Pitik Walik gawe tingkah laku koyo badut seng lucu banget yen pas kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane podo seneng kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesti podo ditanggapi supoyo ngomong seng aing-aing.
Sawijining ndino… Pitik Walik lungo adoh, terus ndelek nang njero guwo Slarong karo nangis nganti nggero-nggero jan ngantek krungu dening Kancil sing jek neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo.
“Kowe ki ngopo tho kok nangis Tik Pithek Walik” pitakone Kancil
“Aku iki jek sedih banget Cil. Rupaku bedo karo pithik-pithik liyane. Wuluku iki kwalek koyo ngene, gek ora rapi koyo pithik liyane”
“Wis rapopo! ra sah sedih. Gor masalah wulu kok ndadak digawe mumet. Aku lo.. malah ora nduwe wulu blas!” jawabe si Kancil.
“Aku kesel banget Cil, saben dino kudu ngarang cerita seng aneh-aneh ben podo gelem cedhek karo aku. Konco-konco mesthi podo ora gelem srawung karo aku seng wulune walek lan aneh, lek gak, aku ora iso gawe ngguyu de’e.”
“Sek…sek… lak ngunu kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu-lucuan, konco-koncomu mesti podo seneng cedhek karo kowe. Malahan, akeh seng seneng menawa kowe gelem ngrungokke ceritane liyane.
Salah nek menawa awakmu ngiro-ngiro kudu lucu utawa ngomong mesti seng menarik perhatian ben iso ditresnani pitek liyane.” Celathune Kancil.
“Iyo po? Aku rasah kudu saben dino ndagel ben iso disenengi dening konco-koncoku?”
“La iyo! rasah lah! Mbak Inge juraganmu kae malah sering makani aku, arepo uduk dadi ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel yo iso nduwe konco akeh kok!
Seng penting kie, kowe seneng tetulung marang koncomu, lan gelem ngrungoke pendapate koncomu kabeh. Seng luwih utama iku… ora pakewuh ngandani koncomu bab kebenaran lan tumindak seng keliru.” Nasehate Kancil.
“Tak rungokke bener kandhamu Cil. Koncomu iku akeh banget, luwih akeh timbang koncoku arepo kowe ora iso nglucu. Tiwas aku rumongso mesti ndagel wae pas lagi kumpul karo konco-koncoku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe de’e guyu bakal ditinggal karo konco-koncoku”
“Ora Lik Walik… Ora bakalan kowe ditinggal karo konco-koncomu seng apik-apik kui. Kowe saiki uripo seng normal-normal wae lah, koyo aku ngene. Ngomong lucu ya ra popo, meng ora usah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liya sing cocok karo kowe.” Jare Kancil.
“Yoh wes nek ngono! Aku gak rasah mekso awakku kudu ndagel meneh. Aku arep dadi opo onoe wae. Aku uga wis kesel banget ndadak ndagel bendino. Maturnuwun yo Cil, kowe emang koncoku seng paling wicaksono.” Celathune Pithik Walik karo rupa sumringahe.
Wiwit dino iku, Pitik Walik wes ora tau eneh mekso awake ndagel terus bendino. Awale pitik-pitik liyane yo podo gumun, “kok Pitik Walik saiki perilakune laen.” Nanging suwe-suwe koncone Pitik Walik malah tambah akeh, mergo de’e saiki seneng ngrungokke omongane pithik-pithik liyane.
Leave a Reply