Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan
Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan
“Dimana ada pertemuan di situ ada perpisahan,” begitulah kira-kira ungkapan yang sering kita dengar dalam kehidupan sehari-hari. Begitu juga ketika kita menimba ilmu di bangku sekolah atau universitas, setelah lulus, kita pun akan berpisah dengan teman-teman untuk melanjutkan studi sesuai dengan keinginan dan cita-cita masing-masing.
Pada saat dilangsungkannya acara perpisahan, biasanya ada perwakilan dari siswa atau wali murid serta guru yang akan memberikan beberapa patah kata (pidato). Tidak hanya itu, ketika masih duduk di bangku sekolah siswa juga sering diminta oleh guru mata pelajaran bahasa daerah untuk membuat contoh pidato. Contohnya, pidato bahasa Jawa.
Walaupun bahasa Jawa sering digunakan dalam kehidupan sehari-hari oleh para penuturnya, namun sayangnya tidak banyak diantara mereka yang pandai menggunakan bahasa Jawa halus (kromo inggil). Padahal, ketika berpidato mereka dituntut untuk berbicara menggunakan bahasa halus untuk menghormati hadirin yang hadir.
Nah, bagi Anda yang tidak fasih menggunakan bahasa Jawa halus dan ingin melihat beberapa contoh pidato bahasa Jawa tentang perpisahan, berikut adalah contohnya. Namun sebelum itu, ada baiknya anda mengetahui susunan kerangka pidato yang baik, agar pidato yang disampaikan lebih terarah dan jelas.
Cara menyusun kerangka pidato
- Pembukaan
- Pendahuluan (biasanya berisi penjelasan singkat mengenai isi pidato yang akan disampaikan)
- Inti pidato/isi/materi utama
- Penutup bisa berisi kesimpulan, harapan, pesan, serta salam penutup
Pidato bahasa Jawa perpisahan sekolah oleh siswa
Contoh 1
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Alhamduillahirabbil’alamin. . . Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan kewarasan saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Nuwun Bapak (Ibu) Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak-Ibu Guru saha karyawan (staf) ingkang kula hormati, tamu undhangan, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Kula minangka wakil saking siswa kelas. . . , ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak-Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi amal saha kesaenan Bapak Ibu Guru sedaya pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan saha ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka saha kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak, Ibu Guru, saha adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah, Amin. .
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Billahitaufiq walhidayah, wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Contoh 2
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Alhamdulillah,
Sumangga kita ngonjukaken puji syukur ing Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kesehatan, rahmat, saha inayahipun dhumateng panjenengan sedaya saha kula, nulya kita saged makempal ing adicara perpisahan menika kanthi pinaringan karahayon saha kabagaswarasan, tebih saking rubeda, nir ing sambekala.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati, Bapak-Ibu Guru saha karyawan ingkang kinabekten, pinituwa, pemimpin agama, saha tokoh masyarakat, para kadang kula saking kelas X, XI, saha XII ingkang kula tresnani, saha para lenggah sedaya ingkang kinurmatan.
Kawilujengan saha karahayon mugi tansah pinayungan dhumateng panjenengan sedaya saha kula.
Kadang kula kelas XII ingkang sutresna, ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangkuning pawiyatan. . . punika. Kula minangka wakilipun kelas X saha kelas XI ngaturaken panampi atur perpisahan saking kadang kelas XII punika.
Awit para kadang kelas XII sampun kula anggep sedherek piyambak sapunika badhe nilaraken pawiyatan punika. Nanging kados pundi malih, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten perpisahan. Jer kula panjenengan sedaya namung manungsa limrah, mboten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti ingkang Maha Agung.
Kadang kula kelas XII ingkang kinurmatan, kula minangka wakil saking kelas X saha XI ngaturaken agunging panuwun dene para kadang kelas XII sampun paring pitedah saha bimbingan ingkang ageng paedahipun. Mugi-mugi, panjenengan sedaya pikantuk amal saking Gusti Pengeran ingkang Maha Asih saha Maha Welas.
Ugi kula namung saged memuji, mugi-mugi ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken wonten ing pawiyatan luhur sageda katampi, saha ingkang badhe langsung nyambut damel sageda tumunten pikantul padamelan ingkang trep kaliyan ilmu ingkang sampun kaudi wonten ing bangkuning pawiyatan punika.
Para lenggah ingkang minulya,
Cekap semanten atur kula ing pepanggihan punika, menawi wonten kekirangan atur kaladuking wicanten, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Akhirul kalam,
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Contoh pidato sambutan perpisahan sekolah oleh wali murid
Assalamu’alaikum Waramatullahi Wabarakaatuh
Alhamdulillah,
mangga kita sedaya sesarengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, Ingkang sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas. . . sapunika.
Ingkang dahad kinormatan Bapak Kepala Sekolah. . . , Bapak ugi ibu guru, para staf, saha para rencang ugi para murid sedaya kemawon ingkang kula tresnani.
Kula selaku wali murid ingkang tinanggenah guru kagem mewakili para wali murid kelas . . . kagem ngaturaken matur sembah suwun kula namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah putra kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika.
Kula inggih badhe nyuwun pangestunipun supados putra-putri kula saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan. Ugi supados putra putri kula saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, saha negara.
Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun pangaputen seagung-agunge dumateng sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun.
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh
Leave a Reply